Tuesday 26 January 2016

UTS 1 KELAS VIII

UJIAN TENGAH SEMESTER I
TAHUN PELAJARAN 2015-2016
MATA PELAJARAN           : BAHASA JAWA
KELAS                                   : VIII (DELAPAN)
HARI/TANGGAL               : JUM’AT/ 2 OKTOBER 2015
WAKTU                                : 10.00-11.00 WIB


1.       Kereta basa “dongeng” wancahan saka tembung .....
a.       Widodo nggleleng
b.       Dipaido keneng
c.       Rada gembeng
d.       Dara celeng

2.       Sigarane nyawa kereta basane yaiku ....
a.       Rawa
b.       Siwa
c.       Gawa
d.       Garwa

3.       Tembung ing ngisor iki kang oleh seselan –um- yaiku ...
a.       Tumuju
b.       Tumane
c.       Jumbuhake
d.       Sumure

4.       Tembung disaponi, tembung linggane yaiku ...
a.       Nyapu
b.       Saponi
c.       Sapu
d.       Sapon

5.       Wacan kanggo nomer 5 tekan 6
Perange Harjuna Sasrabahu lan Bambang Sumantri
Sumantri utawa Bambang Sumantri iki putrane Begawan Suwandageni saka pertapan Jatisarana. Rupane bagus, dedege lencir, sembada, lan sugih kasekten. Nalika wis diwasa lan wis cukup ngelmune, Bambang Sumantri kepengin ngawula dadi prajurit ing Maespati.
Nalika wis tekan ing Maespati, Prabu Harjuna Sasrabahu dhawuh Sumantri bakal ditrima suwitane menawa bisa mboyong putri Kraton Magada kang aran Dewi Citrawati. Jebul ing Magada wis ana raja sewu negara kang nglamar Dewi Citrawati. Banjur ana sayembara perang. Sing sekti dhewe, bakal ditampa panglamarane. Sumantri pancen sekti lan ampuh (sekti mandraguna) bisa ngalahake raja sewu negara. Banjur mboyong Dewi Citrawati.

Sumantri anake sapa ....
a.       Prabu Sasrabahu
b.       Dewi Citrawati
c.       Begawan Suwandageni
d.       Raja Sewu
6.       Ing ngendi Sumantri melu sayembara ....
a.       Ing Maespati
b.       Ing Magada
c.       Ing Jatisrana
d.       Ing Astina

7.       Wong dhiskusi iku akeh mumpangate, antarane yaiku gladhen .....
a.       Nemokake sing angel dadi gampang
b.       Ngajeni penemune wong liya
c.       Ngrungokake wong liya omongan
d.       Ngrumangsani ora bisa micara

8.       Sing kudu digatekake yen arep gawe karangan, kaya kasebut ing ngisor iki, kajaba ....
a.       Judul migunakake ukara sing dawa
b.       Judul bisa nggambarake isi karangan
c.       Judul karangan sing cekak, nanging bisa narik kawigaten
d.       Tulisan sing becik, cetha, ora akeh orek-orekane

9.       Grimise pating klepyur, tembung linggane klepyur yaiku ....
a.       Kelep
b.       Lepyur
c.       Kepyur
d.       Kleyur


10.   Lelagon “Kuwi Apa Kuwi” karangane ....
a.       Ki Andana Warih
b.       Ki Narta Sabda
c.       R. Ranggawarsita
d.       KGPAA Mangkunegara

11.   ?sisWsi= fiwul= ffi pinTe/. Aksara Jawa kuwi wacane ....
a.       Siswa wasis lan pinter
b.       Siswa sing diwulang dadi pinter
c.       Siswane diwulang pinter
d.       Siswa kudu dadi pinter

12.   Ing wewayangan ana kayon. Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ....
a.       ?ai= wewy=znHnk[yon\.
b.       ?ai=[w wy=znHnk[yon\.
c.       ?ai= wewy=znHnk[von\.
d.       ?ai= [wwy=znHnk[von\.
13.   Nalika maca crita wayang, kudu nggatekake obahing awak lan ekspresi saka crita sing diwaca diarani ....
a.       Wirama
b.       Wicara
c.       Wiraga
d.       Wirasa

14.   Maca crita wayang uga kudu nggatekake wicara, dene wicara yaiku ....
a.       Solah bawa/ gerak tubuh nalika maca
b.       Pocapane/lafale nalika maca crita
c.       Pocape/lafale sawise maca crita
d.       Munggah mudhune swara nalika maca crita

15.   Ing wulan Desember padha gotong royong. Tembung kang kacetak kandel kereta basane ....
a.       Gedhe-gedhene sumber
b.       Gedhe bunder
c.       Dedene banter
d.       Godhane banter

16.   Sunan Kalijaga nancepake teken ing wayah bedhug. Wayah bedhug tegese ....
a.       Esuk
b.       Tengah Awan
c.       Surup
d.       Tengah wengi
17.   Mangkono saben dinane nganti Damarwulan bener-bener pinter silat lan watake utama. Utama tegese ....
a.       Baku
b.       Penting
c.       Becik 
d.       Pinter

18.  
Gambar punakawan ing pinggir jenenge ...
a.       Petruk
b.       Semar
c.       Bagong
d.       Gareng
 
 

19.   Unen-unen “nrima ing pandum” tegese ....
a.       Nampa wenehan kanthi ekhlas
b.       Kuciwaning ati
c.       Menangan dhewe
d.       Jaluk jatah paling akeh

20.   Pandhawa kuwi cacahe ana ....
a.       Loro
b.       Telu
c.       Papat 
d.       Lima  


SOAL URAIAN

1.       Bab apa wae sing kudu digatekake nalika maca cerita wayang?
2.       Gawea ukara (kalimat) nganggo tembung ing ngisor iki
a.       Nonton wayang
b.       Dhalange lucu
3.       Sebutna carane nulis crita pengalaman (3 wae)!
4.       Wacanen aksara Jawa iki:
?n=g pWy=skbe=ziteknHsuk\.
5.       Tulisen nganggo aksara Jawa ukara ngisor iki:
“Wayang iku budaya kang adi luhung”
6.       Apa tegese kreta basa ing ngisor iki:
a.       Tarub
b.       Kuping
7.       Golekana tembung sing nggunakake ater-ater (di-) 2 wae lan (m-) uga 2 wae!
8.       Sebutna punakawan sing ana ing wayang!
9.       Gawea ukara nggunakake tembung wuwuhan ing ngisor iki:
a.       Digatekake
b.       Nyaponi
10.   Ing lakon Jaka Taruntung, pituture nrima ing pandum. Apa tegese nrima ing pandum?