Tuesday 16 February 2016

Resep sayur sop bayam

Resep sop bayam bumbu sederhana rasa nikmat dan bergizi
Bahan: 
1. Satu ikat bayam
2. Wortel
3. Satu buah jagung

Bumbu
1. Bawang merah
2. Daun salam (4 lembar) tergantung banyaknya bahan masakan
3. Gula jawa 

Cara memasak:
1. Siapkan semua bahan sayur yang siap untuk dimasak
2. Bawang merah yang telah dikupas diiris-iris
3. Masukkan bawang merah,  daun salam, gula jawa dan garam ke dalam air yang telah disiapkan di dalam wajan
4. Setelah beberapa saat masukkan bahan sayur mulai dari wortel dan jagung kemudian baru daun bayamnya
5. Selesai sop bayam manis siap dihidangkan


Thursday 11 February 2016

SOAL UTS GENAP BAHASA JAWA KELAS VII

SOAL KELAS VII
UTS 2 BAHASA JAWA
TAHUN PELAJARAN 2014-2015

1.      Dida lan Sadi menyang sekolah mlaku bareng. Cah loro mau mlaku ngliwati wong tua sing lagi dandani sepedha ing ngajeng daleme. Becike Dida lan Sadi yaiku ...
a.       Uluk salam “mangga Mbah ngrumiyini”
b.      Meneng wae, karo gojegan
c.       Uluk salam “dherek langkung Mbah”
d.      Uluk salam “ayo Mbah sekolah”

2.      (1) mlaku jejer telu-telu
(2) mlaku ing sisih kiwa
(3) mlaku ing sisih tengen
(4) mlaku ora sinambi gojegan
(5) mlaku ora sinambi mangan
Pernyataan-pernyataan ing dhuwur, endi kang kalebu tata krama mlaku ...


a.       (1), (2), (3)
b.      (1), (3), (4)
c.       (2), (3), (5)
d.      (2), (4), (5)

3.      Pahlawan sing ngripta lagu “Indonesia Raya” yaiku ....

a.       Pangeran Diponegoro
b.      Jenderal Sudirman
c.       Ki Hadjar Dewantara
d.      W.R. Soepratman

4.      “Mangga Bu ngrumiyini”. Ukara (kalimat) kasebut uluk salam kanggo ....

a.       Nglancangi
b.      Wong lungguhan
c.       Ketemu ing sekolah
d.      Sowan utawa mertamu

5. Gambar pahlawan kasebut asmane ....
a.       Dr. Wahidin
b.      Dr. Sutomo
c.       Pangeran Diponegoro
d.      Sri Sultan HB IX
 
6.      Cekak aose sakabehing tumindake wong uriping alam donya kudu nganggo deduga utawa pangati-ati. Sing gelem nindakake tata krama uripe bakal tentrem, begja tansah nemu keslametan ing sadhengah papan. Sapa sing bisa migunakake tata krama kanthi becik bakal mundhak ajining dhirine, dikurmati, diajeni wong liya lan dadi tuladha urip sing utama.
Saka pethikan wacan ing dhuwur. Wong sing gelem nindakake tata krama bakal ...
a.       Uripe bakal cilaka, begja lan mulya ing sadhengah papan
b.      Uripe bakal tentrem, begja tansah nemu keslametan ing sadhengah papan
c.       Dadi tuladha urip sing utama
d.      Bakal mundhak ajining dhiri, dikurmati, diajeni marang wong liya

7.      Dina pahlawan dipengeti ing tanggal ....


a.       21 April 1879
b.      17 Agustus 1945
c.       10 November 1945
d.      22 Desember 1928



8.       Ing dalan aja gojegan. Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ....
a.       ?ai= flnHj [gojegn\.
b.      ?ai= dlnHj [go[jgn\.
c.       ?ai= dlnHj [gojegn\.
d.      ?ai= flnHj [go[jgn\.
9.      Ancas mengeti Hari Ibu kanggo pangeling-eling perjuangane para wanita kanggo ngupaya ndandani kualitas bangsa iki. Sadurunge kamardikan kongres wanita melu pergerakan Internasional lan tahun 1973 Kowani (Kongres Wanita Indonesia) dadi anggota International Council of Women (ICW). ICW kalungguhane minangka dewan konsultatif kategori siji ing PBB(Perserikatan Bangsa-Bangsa).
Saka wacan ing dhuwur, Kowani cekakan saka ....


a.       International Council of Women
b.      Kongres Wanita Indonesia
c.       Kongres Wartawan Indonesia
d.      Perserikatan Bangsa-Bangsa


10.  Ing ngisor iki perjuangane para mudha ing jaman saiki, kajaba ....
a.       Melu organisasi mudha ing sekolah utawa ing masyarakat
b.      Melu para mudha sing seneng ugal-ugalan lan geng-gengan
c.       Minangka siswa anggone ngisi kamardikan kanthi sinau mempeng
d.      Melu dadi relawan mbiyantu wong sing kesusahan

11.  Wis kabukten yen kurang ing pangati-ati bisa nemu kacilakan kaya lelakone Yuli. Tembung kabukten tegese ....


a.       Nyata
b.      Tumindake
c.       Solahe
d.      Nemahi

12.  Ing ngisor iki, akibate menawa wong mlaku ora nganggo tata krama yaiku ....
a.       Tumuju marang keslametan lan kebecikan
b.      Ora mbebayani liyane sing nggunakake dalan
c.       Mlaku dadi kepenak, lan nyenengake
d.      Tumuju marang kacilakan lan ora tentrem ing ati

13.  Pahlawan wanita ing ngisor iki pejuang emansipasi wanita, yaiku


a.       R.A. Kartini
b.      Dewi Sartika
c.       Tjoet Nyak Dien
d.      Nyi Ageng Serang


14.  ?[pzetnFineTnPhlwn\. Tulisan Jawa kasebut yen katulis latin yaiku ....


a.       Pengeti Dinten Pahlawan
b.      Pengetan Dina Pahlawan
c.       Pengetane Dinten Pahlawan
d.      Pengetan Dinten Pahlawan

Wacan soal kanggo nomer 15-17
Ngecakake tata krama iku kudu empan papan, aja nganti digebyah uyah. Anggone nindakake kudu ngelingi papane, kahanane, wektune, dicocogake karo kala mangsane. Kena diunekake salin jaman salin tatanan. Sing biyen dianggep becik, mbok menawa saiki bisa dianggep ala. Kang saiki ala uga besuk kalebu becik.
Tuladhane: Dhek biyen wong mangan karo omong utawa mlaku iku ora becik, jaman saiki lumrah wae wong mangan karo omong utawa karo mloka-mlaku, kaya dene yen jagong ing acara manten/syukuran, bubar salaman karo sing duwe gawe banjur diacarani dhahar prasmanan, lumrahe ing gedhung lan ngobrol. Biyen bocah sekolah, kudu lungguh bangku ngrungokake lan nggatekake karo tangane sedheku. Saiki murid nalika ing kelas ora kudu tumindak magkono, bisa bebas sing penting tertib. Biyen wong mlaku ing kraton utawa cedhak kraton karo ndhingkluk lan meneng, nanging saiki malah padha gumeman, menga-mengo, tudhang-tudhing karo ndeleng mrana-mrene.
(Kapethik saka Sudiyatma, 1994)

15.  Anggone nindakake tata krama kudu eling ing ngisor iki, kajaba....


a.       Papane
b.      Kahanane
c.       Ragade
d.      Wektune


16.  Dhek biyen wong mangan karo omong utawa mlaku, saiki lumrah wae wong mangan karo omong utawa karo mloka-mlaku. Tata krama kasebut kalebu jenis tata krama  ....
a.       Sing biyen dianggep becik, saiki dianggep ala.
b.      Sing biyen dianggep ala, saiki dianggep lumrah/becik
c.       Sing biyen dianggep becik, saiki yo dianggep becik
d.      Sing biyen dianggep ala, saiki yo dianggep ala

17.  Biyen wong mlaku ing kraton utawa cedhak kraton karo ndhingkluk lan meneng, nanging saiki malah kaya ing ngisor iki, kajaba ....


a.       padha gumeman
b.      menga-mengo
c.       tudhang-tudhing
d.      sandale diseret



18.  Para rawuh sedaya ingkang kula kurmati, ing pengetan punika kula badhe atur gegambaran bab prastawa ing tanggal 10 November 1945. Ugi badhe ngengetaken bab semangat perjuwanganipun pahlawan. Tembung ngengetaken saka wacan kasebut tegese ....


a.       Ngelingake
b.      Nglaksanakake
c.       Nglajengake
d.      Nindakake



Wacan kanggo soal nomer 19-20
     Ki Hajar Dewantara utawa R.M. Suryadi Suryaningrat iku putrane R.A. Sandiah lan Raden K.P.H. Suryaningrat, putrane Sri Paku Alam III. Nalika jaman penjajahan Belanda,   R. M. Suryadi Suryaningrat kaanggep mbebayani awit ngedegake perguruan Taman Siswa minangka punjering ngelmu politik, kabudayan, lan pendhidhikan. Apa meneh nalika nulis Als ik een Nederlander was (Andaikan Aku orang Belanda) wujud protes marang pamarintah Belanda, panjenengane kacekel lan kasingkirake kanthi ukum buwang ing negara Belanda, uga jkudu ninggal gelar bangsawane. Sawise nindakake ukum buwang panjengane kondhang kanti asma Ki Hajar Dewantara.

19.  Saka wacan ing dhuwur Ki Hajar Dewantara putrane ....
a.       Ibu Sundiyah lan Sri Paku Alam III
b.      R.A. Sandiah lan Raden K.P.H. Suryaningrat
c.       Kanjeng Ratu Hemas lan Sri Sultan HB X
d.      Ibu Sundiyah lan Raden K.P.H. Suryaningrat

20.  Tulisane Ki Hajar Dewantara sing judule Als ik een Nederlander. Yen dibasa Indonesiake yaiku ....


a.       Andaikan Aku orang Belanda
b.      Andaikan Aku lahir di Belanda
c.       Andaikan Aku Bisa ke Belanda
d.      Andaikan Aku orang Inggris



SOAL URAIAN
1.      Sebutna tokoh pahlawan sing kok ngerteni 4 wae!
2.      Sebutna tata krama mlaku ing dalan 2 wae!
3.      Kepriye anggonmu nindakake tata krama marang wong tuwamu ing ngomah!
4.      Sebutna perjuangane para mudha ing jaman saiki, 2 wae!
5.      Sebutna dina-dina kepahlawanan sing tok ngerteni 2 wae!
6.      Kepriye anggonmu nindakake tata krama menawa ketemu gurumu ing ngarep sekolahan!
7.      Tulisen nganggo aksara Jawa “Perjuwangan para pahlawan biyen”
8.      Tulisen nganggo aksara Jawa “Bocah sing sopan lan santun”
9.      ?[amnSipsiwnit saiki. Tulisan Jawa iki wacane?

10.  ?ttk]msi=p][yoglneBcik\. Tulisan Jawa iki wacane?

Tuesday 9 February 2016

TUGAS KELAS 8A

Sugeng sonten para siswa kelas 8 SMP MUHDASA (Muhammadiyah 10 Yogyakarta). Mugi-mugi sedaya ing keadaan sehat aaamiiinnn.......
para siswa ing ngandhap menika tugas kangge kelas 8A nggih
1. Damel kelompok, saben kelompok dumadi saking 4 siswa
2. Saben kelompok milih setunggal materi ing ing ngandhap menika
    a. cara nanem kacang krenthul
    b. cara nanem jagung
    c, cara nanem kacang panjang
    d. cara nanem cabe
    e. cara nanem tomat
3. menawi sampun milih setunggal bab, lajeng dipundamel urutan-urutan carane nanem topik ing ndhuwur di damel power point nggih, langkung sae (bagus) ngginakaken gambar urutan nanem, kados urutan nanem pantun ingkang sampun dipunterangaken
4. dipunkempalaken tanggal 23 Februari 2016

matur nuwun para siswa kelas 8A, sugeng nggarap

Sunday 7 February 2016

RESEP BAKMI SEDERHANA

Selamat malam sahabat muda, selamat berlibur panjang. Semoga liburan kalaian menyenangkan. Hmmm hujan-hujan malem-malem enaknya bikin makanan anget, yukk kita buat bakmi dengan resep sederhana, berikut resepnya
Bahan
1. Dua buah mie telor
2. Sawi hijau
3. Sosis
4. Daging
5. Bakso
6. Daun bawang

Bumbu:
1. Merica (secukupnya / satu sendok teh)
2. kemiri (2 buah)
3. Bawang putih (3 siung)
4. Kecap


Cara membuat:
1. Rendam mie dalam air dingin kurang lebih 10-15 menit
2. Sambil nunggu mie empuk, kita haluskan bumbu ketiga bumbu
3. Racik sawi, daun bawang, bakso, sosis dan daging
4. Setelah itu panaskan minyak kemudian masukkan bumbu yang sudah dihaluskan, tambahkan air sedikit, masukkan racikan sayuran tunggu beberapa saat
5. Setelah itu masukkan daging, sosis, bakso dan bakmi
6. Aduk-aduk dan tambahkan kecap secukupnya
7 bakmi goreng siap disajikan, supaya lebih harum tambahkan daun seledri dan bawang merah goreng

Tuesday 2 February 2016

TUGAS KELAS 8B

         Sugeng enjing para siswa kelas 8 SMP MUHDASA (Muhammadiyah 10 Yogyakarta). Mugi-mugi sedaya ing keadaan sehat aaamiiinnn.......
para siswa ing ngandhap menika tugas kangge kelas 8B nggih
1. Damel kelompok, saben kelompok dumadi saking 4 siswa
2. Saben kelompok milih setunggal materi ing ing ngandhap menika
    a. cara nanem kacang krenthul
    b. cara nanem jagung
    c, cara nanem kacang panjang
    d. cara nanem cabe
    e. cara nanem tomat
3. menawi sampun milih setunggal bab, lajeng dipundamel urutan-urutan carane nanem topik ing ndhuwur, langkung sae (bagus) ngginakaken gambar urutan nanem, kados urutan nanem pantun ingkang sampun dipunterangaken
4. diketik ing kertas kwarto lajeng diprint, dipunkempalaken tanggal 17 Februari 2016

matur nuwun para siswa kelas 8B, sugeng nggarap


Monday 1 February 2016

KISI-KISI SOAL UJIAN AKHIR SEMESTER 1
BAHASA JAWA (2015-2016)

Kelas   : VII (Tujuh)
Nama : Nurani Handayani, S.Pd.
Jumlah soal     : 45
Pilihan ganda : 40
Uraian              : 5


STANDAR KOMPETENSI
KOMPETENSI DASAR
INDIKATOR
NOMOR SOAL
Pilihan Ganda
Uraian
1. Memahami wacana lisan sastra dalam kerangka budaya Jawa
1.1.   Menanggapi geguritan  tradisi gotong royong di lingkungan tempat tinggal.
Ø Mengartikan pengertian geguritan

Ø Mengartikan kata dan membuat kalimat pocapan/ lafal seperti (dadi lan dhadha
1


8, 36, 37,

1.2.   Menanggapi geguritan tradisi gotong royong di lingkungan sekolah.
Ø Teges (arti kata)dalam geguritan

Ø Macam-macam purwakanthi


1.3.   Menanggapi Parikan
Ø Unsur parikan (isi dan sampiran) isi parikan
Ø Purwakanthi dalam parikan
13, 17, 30, 31, 40

23, 24,

1.4.   Menanggapi Cangkriman
Ø Pengertian cangkriman
Ø Jenis-jenis cangkriman (irib-iriban, wancahan, blenderan, tembang)

16, 25, 26, 27, 39

2.      Mengungkapkan gagasan ragam wacana lisan sastra dalam kerangka budaya Jawa
2.1.    Bercerita pengalaman bergotong royong di lingkungan tempat tinggal sesuai dengan unggah-ungguh.
Ø Purwakanthi dalam geguritan (purwakanthi swara, sastra, basa)
Ø basa ngoko lugu dan ngoko alus
3, 5, 12, 33

18, 19, 20, 21, 22,


45
2.2.   Bercerita pengalaman bergotong royong di lingkungan sekolah sesuai dengan unggah-ungguh berbentuk geguritan.
Ø Manfaat gotong royong
Ø sifat baik dalam gotong royong seperti ikhlas, dll

6, 32
2

2.3.   Menanggapi tradisi bergotong royong di lingkungan sekolah dalam bentuk pembacaan geguritan.
Ø unsur dalam geguritan ada gatra (larik), pada (bait)
7

2.4.   Melagukan tembang Asmarandana
Ø Macam-macam tembang
Ø Unsur dalam tembang ( guru lagu, guru wilangan dan guru gatra)


2.5.   Mengungkapkan dan menanggapi parikan.
Ø Jenis parikan (kenalan, larangan, pitutur, dll)
Ø Rumus parikan
14, 28, 35,

15

2.6.   Mengungkapkan dan menanggapi cangkriman
Ø Lirik Lagu gugur gunung



3.         Memahami wacana tulis sastra dalam kerangka budaya Jawa.
3.1. Membaca geguritan tradisi gotong royong di lingkungan tempat tinggal.
Ø Membaca geguritan dengan 4 W (wirasa, wiraga, wirama, wicara)
9, 10, 11

3.2. Membaca geguritan tradisi gotong  royong di lingkungan sekolah.
Ø Isi geguritan sekolah


3.3. Membaca dan menanggapi cangkriman.
Ø Membaca macam-macam cangkriman


3.4. Membaca dan menanggapi parikan.
Ø Basa endah dalam parikanz


3.5. Melagukan tembang dolanan
Ø Menulis kalimat beraksara Jawa



4.         Mengungkapkan gagasan wacana tulis sastra dalam kerangka budaya Jawa.

4.1.    Menulis cerita atau pengalaman bergotong royong di lingkungan tempat tinggal dalam bentuk geguritan.
Ø Menulis geguritan tentang gotong royong
Ø Carane gawe geguritan





41
4.2.   Menulis cerita atau pengalaman
       bergotong royong di lingkungan sekolah dalam bentuk geguritan.
Ø Menulis cerita gotong royong

Ø Menulis aksara Jawa


29, 34, 38


45
4.3.   Menulis cangkriman.
Ø Membuat cangkriman

43
4.4.   Menulis parikan.
Ø Membuat parikan

42

                                                                                                          Guru Mata Pelajaran Bahasa Jawa


                                                                                                                        Nurani Handayani
NBM. 1132 333