Tuesday 29 March 2016

SOAL UJIAN AKHIR SEMESTER 1 (GASAL) KELAS 9

UJIAN AKHIR SEMESTER I
TAHUN PELAJARAN 2015-2016
MATA PELAJARAN : BAHASA JAWA
KELAS                            : IX (Sembilan)
HARI/TANGGAL     : Rabu/ 2 Desember 2015
WAKTU                         : 10.00 – 11.30 WIB


PETUNJUK UMUM:
1.         Berdoalah sebelum dan sesudah mengerjakan soal
2.         Perhatikan dan ikuti pengisian pada lembar jawaban yang disediakan
3.         Periksa dan bacalah setiap soal dengan seksama sebelum menjawab
4.         Laporkan kepada pengawas jika terdapat tulisan yang kurang jelas, rusak, atau jumlah soal kurang
5.         Kerjakan pada lembar jawaban yang disediakan dengan menggunakan bollpoint/tinta
6.         Periksalah seluruh pekerjaan Anda sebelum diserahkan kepada pengawas

SUGENG NGGARAP

PITUDUH:
Wacanen soal kang tliti banjur garapen soal pilihan ganda kanthi milih wangsulan A,B,C utawa D kang bener!



1.       Ing ngisor iki urutane kadadeyan ing sajroning cerkak yaiku ...
a.       Klimaks-tetepungan-konfliks-ngrampungke crita
b.       tetepungan-konfliks-klimaks-ngrampungke crita
c.       Konfliks-klimaks-ngrampungke crita- tetepungan
d.       Ngrampungke crita-konfliks-klimaks- tetepungan

2.       Ana ing ngisor iki kang kalebu unsur intrinsiking cerkak yaiku ....
a.       Tema lan rima
b.       Alur lan purwakanthi
c.       Latar lan rima
d.       Paraga lan sudhut pandhang

3.       Menawa maca cerkak babagan wiraga uga ora lali, amarga wiraga iku ...
a.       Bab polah tingkahe, solah bawa, utawa ekspresi sadurunge maca cerkak
b.       Bab obahing awak, solah bawa lan ekspresi nalika maca cerkak
c.       Bab polah tingkahe, solah bawa, utawa ekspresi sawise maca cerkak
d.       Bab obahing awak, solah bawa lan ekspresi sasampunipun maca cerkak
4.       Menawa maca cerkak kang ditujokake marang wong liya kudu ....
a.       Banter, ora urut lan sero
b.       Rindhik lan diplencat-plencat
c.       Nganggo irama, pocapan, lan solah bawa
d.       Gerak ngiwa nengen lan ora dirasa
5.       Ajaran moral kang bakal dicritakake penulis marang para maos kanthi liwat karyane yaiku ....
a.       Paraga
b.       Amanat  
c.       Gaya bahasa
d.       Tema

Wacan kanggo soal nomer 6-7
“Piye carane mateni? Piye iki? Tulung! Tulung!” genjur mbingungi.
Bocah sekelas ngakak bareng-bareng. Malah Pak Aljabarun ya ora bisa ngempet guyune. Oalah, Njur, Njur! Durung bisa nggunakake HP kok wis kesusu. Akhire Genjur diukum dening Pak Aljabarun.

6.       Saka cuplikan cerkak ing nduwur setting papan ana ing ....
a.       Sekolah
b.       Kantin  
c.       Kelas
d.       Laboratorium

7.       Apa sing dadi penyebab, Genjur diukum dening Pak Aljabarun ....
a.       Genjur mbingungi
b.       Bocah sekelas ngakak bareng-bareng
c.       HP ne genjur muni
d.       Genjur durung bisa nggunakkake HP

8.       Sumini tansah lembah manah, sabar, seneng mbiyantu tanggane, lan ora tau nesu. Sumini minangka paraga ....
a.       Jahat
b.       Durjana   
c.       Antagonis
d.       Protagonis

9.       Wiji nggendring mbacutake laku. Tembung kang digaris ngisor iki duweni teges ....
a.       Mlayu cepet banget
b.       Alon-alon lan sabar
c.       Mlaku cepet ora tolah-toleh
d.       Mlaku ora cepet lan tolah-toleh

10.   Pak kyai melu bungah saking banget syukure Pak Kyai maringi wedhus marag wiji. Tembung kang kacithak miring lan kagaris ngisor tegese
a.       Sedhih lan amarga
b.       Seneng lan menehi
c.       Ora seneng lan diwenehi
d.       Apikan lan diwenehi

11.  Ing ngisor iki jenenge tembang macapat, kajaba ....
a.       Gambuh
b.      Asmaradana
c.       Dhandhanggula
d.      Jurudemung

12.   Ajaran moral kang bakal dicritakake penulis marang para pamaos kanthi liwat katyane yaiku ....
a.       Paraga 
b.       Amanat
c.       Gaya Bahasa
d.       Sudhut Pandang

13.   Topik ing ngisor iki kang selaras karo tema kegiayatan sekolah kang nyenengake lan narik kawigaten yaiku ....
a.       Sinau bareng
b.       Lomba dhusun
c.       Demam berdarah
d.       Outbong ing Kaliurang

14.   Kepriye pamilihing tembung yen gawe cerkak? Kaya kesebut ing ngisor iki, kajaba  .....
a.       Mentes 
b.       Angel
c.       Becik
d.       Trep

15.   Tim dhokter wanita kang profesional ana ing RSUD Sleman, nalika kuliah dheweke tansah prihatin anggone kuliah disambi ngrewangi ibune bakulan. Crita kasebut migunakake alur ....
a.       Mundur
b.       Maju
c.       Klimaks  
d.       Campuran

16.   Wulandari tansah sengkut sinau. Sanajan dheweke cacat tangane, nanging anggone sinau ana pamulangan tetep entuk nomer siji. Saka crita kasebut budi pakartine yaiku ....
a.       Tetep duwe prestasi sanajan cacat
b.       Wong sing ora nrima paringe Gusti
c.       Wong sing ngibadah terus uripe
d.       Ora gampang urip sng kepenak

17.   Ukara ing ngisor iki migunakake basa krama yaiku ....
a.       Dian, minggu bapak arep tindak
b.       Pakdhe badhe ngawontenaken sukuran putranipun.
c.       Pak guru mbeta buku basa Jawa
d.       Budhe arep plesir ana Kaliurang

18.    Kepiye menawa siswa ora bekti marang guru lan sak kepenake dhewe ....
a.       Ora bisa nggayuh gegayuhane
b.       Disenengi dening gurune
c.       Ora duwe gegayuhan
d.       Bakal disenengi kancane

19.   Pardono pancen ngeyel, menangan dhewe, sing penting butuhe dhewe kecukupan. Crita kasebut ana unsur intrinsik cerkak kalebu ...
a.       Alur
b.       Tema
c.       Setting
d.       Gaya Bahasa

20.   Pak Broto kepala sekolah kang dhisiplin. Tono ora bisa mbayar SPP dadi ora sekolah amarga ditokake saka sekolahane. Sanajan Tono ditokake anggone sekolah nanging Tono ora dendham, malah nalika Pak Broto kecelakaan banjur ditulungi. Budi pekerti saka crita kasebut yaiku ....
a.       Dadi kepala sekolah sing ora disiplin
b.       Kepala sekolah sing kejam lan tegelan
c.       Ora dendham marang wong sing tau nglarani
d.       Dadi wong sing sugih supaya bisa mbayar SPP

Wacan kanggo soal nomer 21-22
WENGINE SAMSAYA SUREM
Halo mas. “Mak tratap. Ana bocah anguk-anguk jendhela karo mesem. “ Halo kok durung turu?” Dereng Mas, dereng ngantuk. “Tak tiliki jam tanganku wis jam loro kurang seprapat. “Mlebu kene Nang!” Boten nganggu ta?” ora, tulung aku gawekne mie. Kae ana mie limang wungkus, gawenen loro, kowe siji aku siji. “ Nanang mlebu pawon aku nerusake nggambar, tugas kuliah sing wis pirang-pirang dina tak lembur.
“Mas ngagem endhog mboten?”Swarane nanang seko pawon.
(Kapethik saka Djaka Lodang no 15 kaca 35 taun 2006)

21.   Latar saka ing cerkak dhuwur yaiku ....
a.       Tak tiliki jam tanganku wis jam loro kurang seprapat
b.       Mas ngagem endhog boten?
c.       Bocah anguk-anguk
d.       Boten nganggu ta

22.   Ing cuplikan cerkak kasebut ana tembung “Mak Tratap”. Tegese tembung tratap  yaiku ....
a.       Seneng
b.       Kaget
c.       Deg-degan
d.       Sedhih 

23.   Watak ing ngisor iki minangka watak sing becik yaiku ....
a.       Tanggung jawab, minder, goroh
b.       Tanggung jawab, goroh, minder
c.       Pilih sih, kemayu, goroh
d.       Adil, jujur, tanggung jawab

Tembang kanggo soal nomer 24-26
Lamun sira nggeguru kaki,
Amiliha manungsa kang nyata
Ingkang becik martabate
Sarta kang wruh ing khukum,
Kang ngibadah lan kang wirangi
Sokur oleh wong tapa
Ingkang wus amungkul
Tan mikir pawehing liyan
Iku pantes sira guronana kaki
Sartane kawruhana

24.   Menawa arep padha meguru (golek ngelmu) prayogane milih ....
a.       Guru kang becik tumindake
b.       Guru kang nyata ilmune
c.       Guru kang tansah siap
d.       Guru kang dipercaya

25.   Guru lagu saka tembang kasebut yaiku ....
a.       i, a, i, u, i, a, u, a, i, a
b.       i, a, e, u, i, a, a, a, i, a
c.       i, a, e, u, i, a, u, a, i, a
d.       i, a, e, u, i, a, u, i, i, a

26.   12 i iku guru wilangan lan guru lagu ing gatra ....
a.       kapisan
b.       kalima
c.       kawolu
d.       kasanga

27.   Menawa maca cerpen utawa cerkak, pancucapaning aksara lan sigeg ing tembung utawa ukara kudu bener, iku diarani ....
a.       Wirasa
b.       Wirama
c.       Wicara
d.       Wiraga

28.   Sadurunge maca cerpen, ing ngarepe wong akeh, becike sing maca nyinau isi lan dialog. Mangkono iku kalebu .....
a.       Wirasa
b.       Wirama
c.       Wicara
d.       Wiraga

29.   Perangan cerkak sing ngndharake prastawa prakara puncak yaiku ing ....
a.       Wirasa
b.       Wirama
c.       Wicara
d.       Wiraga

30.   Tembang SINOM iku kalebu tembang ....
a.       Gedhe
b.       Lawas
c.       Tengahan
d.       Macapat

31.   Cerkak iku kadadeyan saka pirang tembung ....
a.       500-5000 tembung
b.      400-5000 tembung
c.       600-5000 tembung
d.      700-5000 tembung

32.  Apa sing perlu digatekake nalika arep nembang ....
a.       Mangerti watak-watak tembang
b.      Mangerti wong sing nembang
c.       Mangerti guru lagu lan guru wilangan
d.      Mangerti tegesing tembung

33.  Wingi sore Budi dolan ana omahe Anton sing wis apik lagi wae mbangun. Setting saka crita kasebut yaiku ....
a.       Omahe Budi, dolan
b.      Omahe anton, wingi sore
c.       Dolan, omahe Anton
d.      Budi, Anton



34.  Cacahing gatra saben sapada diarani ....
a.       Guru Lagu
b.       Guru Gatra
c.       Guru Wilangan
d.       Guru Swara

35.   Bardi ora tau nglokro anggone urip. Sanajan dheweke bubar wae bangkrut usahane, nanging anggone manembah marang Gusti ora dilalekake. Saka crita kasebut budi pakartine yaiku ....
a.       Wong sing usaha wae
b.       Ora gampang nglokro
c.       Ora gampang percaya
d.       Wong sing ngibadah wae

36.   ?akuluzk[robpk\. Aksara Jawa iku wacane ....
a.       Aku menyang karo bapak
b.       Aku lunga karo bapak
c.       Aku menyang karo emak
d.       Aku lunga karo emak

37.   Mulih wayah sore. Ukara kasebut yen ditulis aksara Jawa yaiku ....
a.       ?mulihwyh[sore.
b.       ?mulihwyh[so[r.
c.       ?mulihwyh[sox.
d.       ?mulihwvh[so[r.

38.   ?saikiwisM=saufn. Ukara kasebut wacane ....
a.       Wis mangsa udan saiki
b.       Wis wayahe ungsum udan
c.       Saiki wis mangsa udan
d.       Saiki wayahe udan

39.   Angka minangka kanggo nembang saka swara cendhak tekan swara dhuwur diarani ...
a.       Intonasi
b.       Irama
c.       Titi laras
d.       Cakepan

40.   Topik ing ngisor iki selaras karo kegiatan masyarakat kang nyenengake lan narik kawigaten yaiku ....
a.       Semprot demam berdarah
b.       Lomba bal-balan sarung 17-an
c.       Kerja bakti warga
d.       Upacara tradisional

ESSAI
41.   Sebutna carane nulis cerkak (4 wae)!
42.   Terangna tegese :
a.       Sudhut pandhang
b.       Paraga
43.   Tulisen nganggo aksara Jawa:
a.       Simbah dhawuh aja dolan.
b.       Bekti marang wong tuwa
44.   Tulisan aksara Jawa ing ngisor iki salinen nganggo aksara latin:
?pikNik.
Finmi=guakubpkLnaibu pikNikai=gemBir[lok.ai=kna[kh[kw[nKwn\.ai=knr[mb=zetpdfe[lo[kKwn\.
45.   Gawea ukara yen ngliwati wong kang lagi lungguh saka gambar ing ngisor iki,