Friday, 22 January 2016

UJIAN TENGAH SEMESTER KELAS 7 SEMESTER 1

UJIAN TENGAH SEMESTER I
TAHUN PELAJARAN 2015-2016
MATA PELAJARAN           : BAHASA JAWA
KELAS                                   : VII (TUJUH)
HARI/TANGGAL               : JUM’AT/ 2 OKTOBER 2015
WAKTU                                : 10.00-11.00 WIB


1.      Puisi jawa bebas, anggone gawe ora kaiket paugeran tartamTu diarani ...
a.       Parikan
b.      Geguritan
c.       Cangkriman
d.      Wangsalan

2.      Ing ngisor iki dasanamane “awak” kajaba...
a.       Badan
b.      Salira
c.       Raga
d.      Putra

3.      Tembung ing ngisor iki endi kang tegese “takut” ...
a.       Wedi
b.      Wedhi
c.       Warih
d.      Warsa

4.      Geguritan kanggo soal nomer ...... lan ........
Gotong Royong

Ati kudu nyawiji
Tekad saigeg saeka kapti
Dimen lingkungan katon resik lan asri

Ijo royo-royo ndadekake resep yen dinulu
Segering hawa iku
Marga lingkungan kang tumata
Pakaryan kang abot datan krasa
Menawa ditindakake bareng lan kanca

Saka pehikan geguritan ing ndhuwur tembung nyawiji tegese ....
a.       Semebar
b.      Satujuan
c.       Dhewe-dhewe
d.      Dalan

5.      Tembung “royo-royo” ing geguritan dhuwur kalebu purwakanthi ....
a.       Swara
b.      Sastra
c.       Basa
d.      Ukara

6.      Gunane wong gotong royong kasebut ing ngisor iki, kajaba ....
a.       Ngraketake paseduluran
b.      Nambah kanca/sedulur
c.       Urip dadi mulya
d.      Awak dadi sehat
7.      Yen melu gotong royong becike ....
a.       Ati seneng sanajan kadhang ora ekhlas
b.      Kadhang seneng kadhang ora ekhlas
c.       Ekhlas sanajan ati ora seneng
d.      Ati seneng lan ati sing ekhlas

8.      Menawa maca geguritan, babagan wirasa aja dilalekake, amarga wirasa iku ....
a.       Kanggo nambahi greget anggone maca geguritan
b.      Kanggo ngetokake pinter lan orane sing maca
c.       Kanggo mbedakake isine geguritan iku sedhih, seneng, semangat apa nesu
d.      Kanggo mbedakake apik lan orane geguritan

9.      Yen ana warga sing ora gelem melu gotong royong, apa sing kok tindakake?
a.       Dijaluki tanggung jawab lan dendha
b.      Langsung wae diwenehi ukuman
c.       Dielingake lan diajak kanthi alus
d.      Ditekani lan diunek-unekake
Kanggo soal nomer 10 lan 11
Tuwa enom jaler lan estri
Kabeh warga padha kerja bakti
Kreteg rusak didandani
Dalan reged diresiki

10.  Pungkasaning larik ing geguritan ing dhuwur migunakake purwakanthi ....
a.       Swara “k”
b.      Swara “a”
c.       Swara “i”
d.      Swara “e”

11.  Geguritan ing dhuwur, ana pirang gatra?
a.       Loro 
b.      Telu 
c.       Papat
d.      Lima
12.  ?ke/j bkTi ba_. Tulisan aksara jawa iku wacane ....
a.       Kerjane bareng-bareng
b.      Kerja baktine bareng
c.       Kerjane bakti bareng
d.      Kerja bakti bareng

13.  Ing ngisor iki jinising purwakanthi, kajaba ....
a.       Purwakanthi sastra
b.      Purwakanthi swara
c.       Purwakanthi ukara
d.      Purwakanthi basa

14.  Cethane pocapan nalika maca geguritan diarani ...
a.       Wirasa
b.      Wicara
c.       Wirama
d.      Wiraga 

15.  Ayo kanca, ngayahi karyaning praja
Kene, kene gugur gunung tandang gawe
Sayuk, sayuk rukun bebarengan ro kancane

Cuplikan lagu dolanan ing dhuwur, judule ....
a.       Gugur gunung
b.      Gotong royong
c.       Sayuk rukun
d.      Tandang gawe

16.  Ukara “gugur gunung tandang gawe” yen ditulis aksara Jawa yaiku ....
a.       ?gugu/ gunu=tnF=g[w.
b.      ?gugu/ gunu=tnD=g[w.
c.       ?gugu/ gunu=tnF=gwe.
d.      ?gugu/ gunu=tnD=gwe.
17.  Pratanda murwani dina. Tembung “murwani” tegese ....
a.       Miwiti
b.      Mempeng
c.       Enggal
d.      Sawise

18.  Ukara sing bener panulisane yaiku ....
a.       Aku wedhi bali, merga saiki wis tengah wengi
b.      Bapak mundhut wedi, kanggo gawe undhak-undhakan
c.       Watik wedi marang Bu Guru, merga ora nggarap PR
d.      Bocahe cilik, nanging ora wedhi karo sapa wae.

19.  Ing geguritan ana sing diarani gatra, gatra yaiku ....
a.       Larik-larik ukara sing ana ing geguritan
b.      Jumlahe purwakanthi ing geguritan
c.       Cacahe pada (bait) ing geguritan
d.      Suku kata (wanda) ing geguritan

20.  Ing pundi-pundi pun kula templeki,
Ukara kasebut nggunakake purwakanthi sastra ....
a.       p, k
b.      k, t
c.       n, r
d.      p, d

SOAL URAIAN
1.      Sebutna manpangate (manfaat) gotong royong/kerja bakti! 3 wae

2.     Tanjung Mas Ninggal Janji
Bebasan kaya ngenteni
Udane mangsa ketiga
Sanajan mung sedhelo ora dadi ngapa
Penting bisa ngadhemke ati

Semono uga rasane atiku
Mung tansah nunggu tekamu
Ra krasa setahun kowe ninggal aku
Kangen-kangening atiku

a.       Sebutna ing pada 1 lan 2 ana pirang gatra!
b.      Golekana purwakanthi swara  ing bait 1 lan 2
c.       Golekana purwkanthi basa ing cuplikan lagu kasebut!

3.      Terangna apa sing diarani wirama!
4.      Terangna apa sing diarani wiraga!
5.      Terangna sing diarani purwakanthi sastra!
6.      Gawea ukara nganggo tembung:
a.       Loro
b.      Lara
7.      Apa bedane nyambut gawe ditindakake dhewe karo gotong royong?
8.      Wenehana tegese tembung ing ngisor iki:
a.       Tutuk
b.      Thuthuk
9.      Tulisen nganggo aksara Jawa
“Sayuk rukun ro kancane”

10.  ?mcapikSa[anFh.
Tulisan jawa iki wacane?



Saturday, 16 January 2016

RESEP MUDAH CAPCAY KUAH

Halo sahabat mudaa,
Memasak adalah salah satu hobbi yang mungkin kalian sukai. Buat sahabat-sahabat muda nich yang baru saja menikah, atau mungkin yang belum menikah mau belajar memasak, yuk kita belajar bareng disini. Hari ini saya mau menuliskan resep sederhana capcay kuah. Berikut bahan dan cara memasak
Bahan:
1. Brokoli
2. Sawi putih
3. Wortel
4. Sosis
5. Bakso
6. Telur
7. Daun bawang
8. Bunga kol

Bumbu :
1. Merica
2. Bawang putih
3. Kemiri
4. Garam (secukupnya)
5. Gula pasir (secukupnya)
6. Brambang goreng
7. Kecap

Cara memasak:
1. Haluskan bumbu, merica, bawang putih, dan kemiri
2. Tumis bumbu yang sudah dihaluskan
3. Masukkan sedikit air
4. Masukkan semua sayuran yang sudah dipotong
5. Diamkan sebentar, kemudian ceplok telurnya
6. Kemuadian aduk-aduk
7. Tambahkan kecap
8. Selesai capcay kuah siap dihidangkan, jangan lupa taburkan brambang goreng diatasnya supaya lebih sedap


Sunday, 10 January 2016

CARANE NANDUR BRAMBANG

Sing disiapke:
1.   Siapke lemah
2.   Pot nganggo bekas botol/wadah bekas minyak
3.   Bibit brambang seng siap di tandur
4.   Kei pupuk setitik wae

Carane nandur:
1.   Pot/botol bekas/minyak dikei lemah terus ditelesi
2.   Ketok pucuk bibit brambang 1/3 seko dowone bibit

   Bibit brambang di tancepke/dipendem neng lemah kiro kiro      jerone 2/3 seko dowone bibit mau