Friday, 20 November 2015

PACELATHON BAHASA JAWA TATA KRAMA MLAKU

TIBA KESREMPET MOTOR


Hendra
:
“Wa, aku wingi wedi tenan lho nalika Bagus tiba  kesrempet motor kae”.
Dwa
:
“Padha Hen, untung awake dhewe ana ngarep daddi ora melu tiba”.
Hendra
:
”wingi kepriye ta, critane kok Bagus bisa kesrempet montor ki?”
Dewa
:
”Critane, Bagus anggone ngepit jejer telu karo Bima lan Gilang. Ndilalah ana bocah SMA boncengan telon ora nganggo helm arep nglancangi. Saka arah lor ana mobil, amarga dalane kebak, bocah SMA kang numpak montor kasebut nyrempet setang pite bagus. Mobil sing saka lor ngerim ndadak lan nyenggol setang pite Bagus. Bocah SMA tiba ngetan, Bagus tiba ngulon ngebruki Gilang lan Bima, kesusul kanca-kanca sing ngepit saburine Bagus melu tiba awit padha nabrak pit ing sangerepe”.
Hendra
:
“Untung mobile sing saka arah lor ora banter ya, dadi bisa ngerem ndadak saengga kabeh slamet”.
Dewa
:
“Bener Hen, kajaba iku awake dhewe kudu luwih ngati-ati. Yen mlaku ing dalan umum kusu nggatekake tata kramane wong mlaku. Upamane: mlaku utawa numpak kendharaan ora jejer-jejer supaya ora ngebaki dalan. Yen dalane sepi jejer paling akeh loro ora telu apa maneh luwih ora sinambi gojeg ora sleyar-sleyor”.
Hendra
:
“Isih ana Wa, numpak motor kudu nganggo helm amarga ora ana sing adol sirah”.
Dewa
:
“bener banget kandhamu, Hen. Ora mung sirah, kabeh perangane awak ora ana sing adol. Kamangka awake dhewe iki ora tuku, gur kari nganggo lan kudu ngrumat kanthi becik, karo Gusti Allah diparingi sampurna. Mula ayo padha dijaga supaya kabeh tetep wutuh, sehat lan migunani. Iki sawijining bukti syukur kita marang Gusti kang Maha Murbeng Dumadi”.

No comments:

Post a Comment