Sunday, 5 June 2016

PENGERTIAN DAN RUANG LINGKUP TATA KRAMA



1.      PENGERTIAN SAHA RUANG LINGKUP TATA KRAMA
Tata krama inggih menika pakulinan. Pakulinan menika tata cara ingkang tuwuh wonten pasrawungan kaliyan tiyang sanes. Tata aturanipun kasopanan wonten lingkungan alit dangu-dangu saget mrambat wonten lingkungan ingkang sae pangertosan tata krama.
Wonten warni-warni penggalih bab etiket, kadosta tata krama, tata sopan santun, aturan sopan santun, norma sopan santun saha tingkah laku ingkang leres, tata pergaulan, perilaku ingkang leres saha nyenengaken. Sedaya penggallih menika saget dipun pendhet kesimpulan wonten satunggal pengertian. Tata krama kadadosan saking kalih tembung “krama” inggih menika sopan santun. Sahingga tata krama inggih menika adapt sopan santun. Tiyang-tiyang asing klentu anggenipun ngginakaken tembung etiket kaliyan etika lan kode etik. Etika inggih menika cabang filsafat ingkang nyinauni babagan moral. Kode etik inggih menika aturan ingkang dipun sepakati kangge ngatur tingkah lakunipun anggota wonten satunggal paguyuban.
Ing pundi kemawon saha kapan kemawon
Siswa utawi mahasiswa anggadhahi tigang perkawis, ingkang sepisan inggih menika warga paguyuban sekolah utawi kampusipun. Kaping kalih inggih menika dados anggota wonten kaluwarganipun ingkang kaping tiga inggih menika anggota masyarakat ingkang kalebet wonten lingkungan masyarakatipun.
Tata krama wonten ing pundi kemawon saha kapan kemawon kita sedaya boten saget ngadohi. Menika ngajak kita sanget kangge nglaksanakaken. Amargi mekaten narima kasunyatan. Ingkang paling penting purun ngenal lan nerapaken. Lajeng dipun terapaken perilaku kita kaliyan papan lan wekdal. Mikir rumiyin sekedap lajeng tumindakingkang leres.
Siswa/mahasiswa – kanca
Wonten ing mapinten-pinten babagan ingkang dipun mangertosi anggenipun sesrawungan kaliyan kanca inggih menika, boten pareng nggadhahi penggalih ingkang awon dhateng piyambakipun. Nimbali menawi kepanggih kaliyan kanca. Wonten pergaulan tiyang kakung menika boten patut menawi seneng goda tiyang setri kancanipun mekaten ugi sewalikipun.
Siswa/mahasiswa – pendidik
Guru kaliyan dosen inggih menika pengajar kaliyan pendidik. Wonten kapinten-pinten babagan ingkang kedah dipun mangertosi anggenipun sesrawungan kaliyan guru utawi dosen, inggih menika ngresiki kelas utawi ruanganipun kuliah saderengipun guru utawi dosen mlebet.
Siswa/mahasiswa – tiyang sepuh
Tiyang sepuh inggih menika tiyang ingkang sampun nglairaken ngrawat, kaliyan ndhidhik kita. Pramila kita kedah ngurmati tiyang sepuh wonten mapinten-pinten babagan ingkang kedah dipun mangertosi anggenipun tata krama kaliyan tiyang sepuh. Ngaturaken salam kagem tiyang sepuh menawi badhe kesah.

No comments:

Post a Comment